ojo rumongso keminter
Ning donyo sing kahanane koyo saiki, dadi pinter opo maneh ketambahan keminter kwi malah dadi rekasa lan iso ngerugekae awake dewe, kabih katon ceto kabih katon ora sampurna , kawatir karo wong liyo kawatir karo awake dewe.
Wong pinter biso ugo kejungkel amergo tumindake,
keplintir amergo pikirane, ora gampang percoyo marang liyane sebape wis podo pintere, sing metu akale podo pingin golek menang lan selamete dewe-dewe.
Ngelakoni urip ning donyo iki malah podo keweden lan akeh kawatir, yen rembukan utawa gandengan karo kancane naliko nyambut gawe, paseduluran yo kari jenenge, kekancan yo mung arane, yen wis urusan kadonyan podo mikirke uripe dewe, lali ora kenal siji lan liyane, wong pinter ora ndadeake apik tumindake, malah kwalikane soyo duwur tumindak kelerune.
Anane di celuk menungso iku amergo tindak tanduke sing bedo karo kewan , yen kewan urip kanggo awake dewe, nanging menungso urip kanggo migunani marang sepada lan dadi tuladane menungsa liyane, soyo manfaat soyo ndue guno ning donya.
Yen pintermu mung dadi gamanmu kanggo njegal ngakal nyrekal kancamu, dadi bodho wae luwih becik anane.
sing penting iso dipercoyo ndue guno lan gawe senenge wong liyo.
Yo wis ben wae yen ono unen-unen wong bodho pangane wong pinter, yen iku gawe atine wong pinter iku seneng uripe soyo marem atine!!!
Iso menehi mangan wong liyo iku mulo derajate luwih duwur lan mulyo, lan ojo kawatir sing di pangan iku mono Mowone donya, kari ngenteni yes wis tibo wancine gawe panase dodo ngumupke angkaro lan uripe wong pinter kwi koyo ning njerone Neroko....
Salam by;
Raden