.

.

Kerjo Pancen Rekoso, Rekoso Maneh Yen Rakerjo

Rejeki iku ora bisa ditiru, senajan padha lakumu, senajan padha dodolanmu,senajan padha kerjananmu, hasil sing ditampa bakalan beda, iso beda ning akehe bandha, bisa uga ana ning rasa lan ayeme ati yo iku sing jenenge bahagia. Kabeh iku saka tresnane Gusti Kang Maha Kuwasa, sapa temen bakal tinemu, sapa Gelem rekasa bakal mulya, Dudu akehe kang dadi ukurane ananging berkahe sing gawe cukup lan nyungkupi sekabihane.

Wis ginaris nyata ning takdire manungsa yen apa sing urip kwi wis disangoni saka sing kuwasa, dalan urip lan pangane wis cemepak cedak kaya angin sing diserot mbendinane, nanging kadang manungsa sulap matane lan peteng antine, sing adoh saka awake katon padang cemlorot ngawe-ngawe, nanging sing cerak ning ngarepe ugo dadi tanggung jawabe di sia-sia kaya ura nduwe guna.

Rejeki iku wis cemepak saka Gusti ora bakal kurang anane kanggo nyukupi butuhe menungso saka lair tekane pati, nanging yen kanggo nuřuti kerep menungsa sing ora ana watese, rasane kabeh cupet, ning pikirane ruwet, lan atine marai bundet.

Welinge wong tua ndisek apa sing ana lakonono lan apa sing urung ana aja di arep-arep yen wis tekan wancine bakal ana, semelehke atimu ademke pikiiranmu ,yen wis dadi duwekmu mbesok bakal tinemu.

Lan Yen dudu jatahmu apa maneh kok rebut saka wong liya nganggo cara sing ala, yo di enteni wae iku kabeh mung bakal gawe uripmu lara rekasa lan angkara murka sak jeroning kaluwarga, kabeh iku bakal sirna balik dadi sakmestine ning tekdire Gusti kang maha kuwasa.

Yen umpama ayem iku mung bisa di tuku karo sapa sing nduweni akehe bandha, ndahno rekasa lan melase dadi wong ora nduwe, untunge ayem tentrem wiluyeng iku sapa wonge bisa nduweni, ya iku sapa wonge sing gelem ngleremke atine ing bab kadonyan, gelem ngerem kencenge kekarepan, seneng tetulung marang liyan, lan pasrahke uripe marang Pengeran.

Salam by;
Raden