.

.

Sejatine Digoleki Wong Urip


apa ta sejatiné sing digoleki manungsa? urip mulya? sugih raja brana? duwe kalungguhan drajat pangkat sing dhuwur?
kabeh samubarang sing diarani mukti, dioyak awan lan bengi ora liya kejaba bandha. kui ora klèru. ora salah.. nanging aja ngawur.. dalané kudu sing padhang.. ojo kegawa rasa mèri nganti lali dalané mukti kang asalé saka Gusti..
kabèh iki cethané wus ginaris. sejatiné sugih apa mlarat kui ya mung rasa. sing kudu sugih kui atimu; ya kui sugih pangapura, sugih rasa syukur, sugih pangalembana marang Gusti Allah,, lan sing kudu mlarat kui ya atimu; mlarat sesambat, mlarat mèri, mlarat nesu, mlarat nggresula.. awakmu kudu duwé ati sing kuat..

larase urip iki ora saka gebyare donya, nanging mapan ana ing ati sing sumèlèh, ati sing sarèh.. ora perlu grusa grusu, sebab larasé urip gumantung saka larasé ati lan pikiran..

urip sepisan aja digawé abot, digawé kepénak waé.. golèk rejeki kui sing laras sing mberkahi. paribasan dipangan dadi daging, diombe dadi getih: diberkahi karo sing gawé urip..

eling,,luur  wong temen bakal tinemu.


Matur Nembah Nuwun
JURU KUNCI