.

.

Pesene Biyungku Nalika Budal Merantau


nggèr anakku lanang.. rikala awakmu isih cilik, awakmu dak gendhong slendhang, nyambi nyenyuwun supaya ing tembé awakmu sumurupa padhang. muga dalan rejekimu diparingi jembar, kamuktèn lan kamulyan tansah sinandhing ing uripmu.
Nggèr anakku lanang sing bagus tanpa jejamang.. awakmu
pamit lunga menyang kutha golek kamulyaning urip. tak pangestoni nggèr, aku ora bisa nyangoni bandha, mung bisa nyangoni donga. urip ning paran, kowé kudu sing bisa golek kanca, awit bakalé kancamu kui dadi sedulur.
Abot repoté urip ing paran kui gumantung saka anggonmu sesrawungan.
dadi wong jawa urip iki kudu duwé tekad, tégo lan tegel.

sing jeneng tekad kui awakmu kudu duwé semangat nggayuh kamuktèn. apa sing arep mbok lakoni kudu ditata lan dilakoni kathi tenanan.
disranani donga lan laku pikiran sing bening, yen kepingin gegayuhanmu bisa kasembadan.

Tego.
Opo wae sing dadi pacobaning urip sak suwéné awakmu nglakoni lelaku kang tumuju ing gegayuhan kui, awakmu kudu tégo ngrasakké.. kepiye lakuné, kaya ngapa larané, pait lan getiré kowé kudu bisa ngecap kui dadi nikmat.

Tegel.
Awakmu kudu wani marang samubarang lan sapa waé sing dadi pepalangé tujuanmu.. sebab ukurané kasembadan lan durungé gegayuhan kui yo mung awakmu dhéwé sing bisa naker.. yèn ana sing gawé becik marang awakmu, sanadyan awakmu ora seneng karo wong kui, atimu kudu tegel nganggep dadi sedulur, kosok baliné, yen sedulur apa kancamu wis wani sengaja nglarani lan dadi pepalangmu, awakmu kudu tegel ninggalaké rasa wigah wigih.

nanging awakmu uga kudu tegel nyindhet atimu, supaya awakmu ora gawé tatu larané kancamu utawa sedulurmu sing wis gawé riwet lakumu.. kowé kudu tegel karo atimu, ora males ala marang sing wis gawé ala.. eling nggèr, piwales kui wewenangé sing Kuasa.. lemah lemah teles, ala utawa becik Gusti Allah sing mbales..
Sura Dira Jayaningrat, Lebur Dening Pangastuti. samubarang sifat angkara cilika lan angkuh, bakal lebur dening sifat lemah manah lan sugih pangapura


Matur Nembah Nuwun;
JURU KUNCI