Panjenengan kudu murub kaya srengenge. Banjur kudu madhangi. Padhangana atine sanak-sedulur, tangga-teparo, kanca-rowang sing peteng jalaran kahanan uripe sing kebak pacoban. Padhangana nganggo urube atimu sing kaya srengenge. Panas nanging ora nglarani. Panas nanging nguripi. Sebab, welas-asih pancen ora kudu dicakake nganggo tetembungan alus manis merak-ati. Ana kalane welas-asihmu kudu dicakake nganggo tembung pangatag sing sembada nyengkuyung saka mburi.
Panjenengan kudu murub kaya geni. Banjur kudu ngobong. Obongen wong-wong ing sakiwa-tengenmu sing laku uripe ora beda karo kayu gapuk lan godhong garing jalaran kelangan daya pangarep-arep, jalaran mutung, jalaran rumangsa ijen ora ana kancane. Obongen nganggo kawicaksananmu sing tuwuh saka pikiran kang mentes lan ati kang luwes. Obongen watak lan patrap uripe wong-wong sing ora migunani tumrap uripe dhewe lan mesthi luwih ora migunani tumrap uripe wong liya kuwi. Aja dadak nganggo wigah-wigih. Obongen wae watak lan patrape wong-wong sing ngregedi, sing njejemberi, sing ngambon-amboni, sing letheg, sing banger, sing nenulari kuwi. Obongen nganggo kawruhmu sing bisa milah sapa sing bener lan sapa sing salah, sapa sing temen lan sapa sing wegah.
Urip wis samesthine kudu murub.
Matur Nuwun...
MBBJ