.

.

Antarane Wayah Sakiki Lan Telung Puluh Tahun Kepungkur


Apa panjenengan isih kelingan pethilan ukara "Aku menghargai perasaanmu kepadaku...."?

Ing mangsa telung puluh tahun kepungkur, para nom-noman lanang sarta wadon isih nduweni rasa isin sing luwih gedhe lan pamikiran sarta tingkah laku sing luwih polos tinimbang para nom-noman jaman saiki kanthi umur-umuran sing padha. Bocah enom umur pitulas tahun ing  jaman saiki mesthi wae wis luwih kakehan “ngerti” lan luwih kakehan polah (kalebu kawruh lan polah sing ora apik) tinimbang bocah enom umur pitulas tahun mangsa telung puluh tahun kepungkur. Kahanan iki dumadi marga saya majune teknologi informatika sarta komunikasi lan uga owah-owahan ing babagan pamikiran.

Rikala semana, umpama ana bocah lanang (umpamane wae Eko) sing seneng marang sawijine bocah wadon (sebut wae Yani) lan banjur dadi kabar sing sumebar, umpama bocah loro iku ketemu, malah ana sesawangan sing lucu. Eko lan Yani nalika ketemu malah padha nyingkrih. What a very unique situation!

Umpama Eko lan Yani ditakdirake kelakon ngalami pacaran, numpak sepedhah onthel kanthi iring-iringan wis dianggep minangka tandha bukti menawa bocah enom loro iki nglakoni pacaran. Kanggone Eko sarta Yani, kahanan kaya mangkono wis cukup kanggo nggawe rasa seneng ing ati. Rangkulan, nyekel tangan, lan apa maneh ambung-ambungan ana ngarepe ngakeh bener-bener ora wani dilakoni.

Yen nganti Eko lan Yani wani nglakoni, bocah enom loro iku bakal dicatur dening masyarakat kanthi ala lan gething. Beda banget karo kahanan sing ana ing jaman saiki. Nindakake extra marital sex wae wis dianggep perkara lumrah kanggone bocah enom sing nembe nglakoni pacaran.

Ukara pambuka sing klasik sing sabenere wis genah surasane
Mesthi wae, nduweni rasa tresna marang lawan jenis mujudake kahanan sing sifate alamiah sarta lumrah. Marga pamikiran sarta tingkah laku sing isih polos sarta durung majune teknologi komunikasi, mula layang (surat) mujudake sarana sing penting kanggo nyatakake rasa tresna umpama ora wani nembung kanthi langsung (istilah kondhang jaman saiki yaiku nembak). Rikala semana, pesawat telepon wae isih langka lan umpama ana pesawat telpon iku isih ndadak diputer kanthi engkolan. Aja maneh hand phone!

Lawan jenis sing ditembung lumantar layang banjur mbales. Biyasane, alinea kaping pisan kurang luwih nyatakake menawa layang wis ditampa lan apa sing dadi surasane wis dipahami. Sabanjure, alinea kaping pindho mungkin wae pihak lawan jenis miwiti kanthi ukara:

"Aku menghargai perasaanmu kepadaku........"

Umpama kahanane kaya mangkono, sabenere kita wis ora perlu maca ukara utawa tembung-tembung  sabanjure. Kena apa? Marga kanthi ukara iku wis cetha menawa lawan jenis mesthi nulak tresna kita. Ukara sing ditulis ing ndhuwur iku wis dadi ukara klasik pambuka (classical opening sentence) kanggo nampik tresna.
Intine, tresna kita tetep wae ditampik senajan anggone nampik iku diwungkus kanthi sawetara alesan klasik..