Menungso lair ora biso milih ning ngendi kapan lan kepiye kahanan sing apik kanggo awake dewe, sing perlu dimangerteni apik lan alane menungso yo mung sing gawe urip, menungso mung biso rumongso bener lan salah.
Kabih wis ginaris nyoto yen menungso di gawe soko sarine donyo, gowo sifat laire lan dalan uripe miturut guno lan tujuane, gumantung laku lan tumindake sing wis adoh mlakune kamangko biso tekane Kene, nduweni sifat soko ibu lan bopone, sifat soko opo sing di pangan lan opo sing di ombe , sifat soko langit lan bumine sing dadi pijakane, sifat soko Gusti Pengerane, dadi siji nyawiji ning banyu sing kawujud saripati saka katrisnan sing suci.
Uripnarimo ora neko-neko percoyo marang sing Kuwoso ati bakal legowo kamulyan bakal teko, opo wae tumindake awake dewe bakal narimo walesane, tumindak becik ojo mergo dilirik, ojo tumindak olo amergo ora ono sopo-sopo, ojo kesel mangerteni sejatimu supoyo padang dalan urepmu!!