.

.

masio panas tak syukuri

panasé srengéngé iki isih bisa tak tutupi nganggo payung. aku ngerti yen Gusti maringi panas kanggo kadang tani supoyo bisa mépé gabah.. nanging aku gumun karo wong enom jaman saiki.. panas sithik wae sambat.. trus misuh misuh, pungkasane nyalahké Gustine.. géné yo mung ngéman kulité sing putih mulus kinyis kinyis, malah ora ngeman atiné sing kebak dosa..

kuduné yen pinuju diparingi panas ki matur nuwun
panasé srengéngé iki ora tak gawé alasan.. anggonku nyambut gawé iki yo tak syukuri,, sebab ujaré manungso kui mung sakdermo usaha, Gusti sing maringi.. nyambut gawé opo wae wujudté sing penting halal, lan ojo dadi ruginé kancané..

panasé srengéngé iki pratondho yen Gusti ngersaaké aku kudu luwih semangat.. aku ora oleh nglokro sanadyan ragaku wis tuwo, awit semangat sing utomo jaréné mono semangat gawe kabecikan.. tuno sathak bathi sanak.. wong urip iki penting banget bisa kekancan lan seduluran, sukur bisa langgeng anggone sesrawungan.. ora ono dredah mergo rebutan bathi, sing pepuntone gawe mawut anggone sesrawungan..

panasé srengéngé iki isih kalah karo panasé ati lan pikiran.. mulané sanadyan abot lelakuné, urip iki kudu dilakoni kanthi penuh syukur.. yen saben tangi turu aku isih biso melèk mripaté lan biso obah awakku, kui tegesé aku isih diparingi wektu kanggo urip lan usaha, mulo kleru yen aku sambat, senadyan beban urip saiki pancen abot..

panasé srengéngé iki isih kalah karo panasé nyonggo kebutuhan..
jaman saiki menungso wis materialistis, opo opo dikerto aji, di kurs nganggo duit, mulo mèmper yen gotong royong, tepo sliro lan unggah ungguh wis luntur, dikalahké karo sing jenengé prinsip ekonomi..