.

.

Artine Pasrah


Gusti nitahake manungsa ing alam donya supaya nindakake darma luhur. Darma luhure manungsa kuwi mikir, mbatin, ngucap, lan makarti sing bisa nentremake kahanan. Ora ngrusak, ora ngregedi, ora ngrusuhi. Yen ana wong kandha, “aku pasrah satitahe Gusti,” nanging jebul tumindake nerak-nerak pager katentreman, kuwi jenenge ora pasrah. Yen tumindake nyampar-nyampar tatanan kabecikan, kuwi jenenge ora pasrah. Yen tumindake nyandhung-nyandhung karaharjane liyan, kuwi jenenge ora pasrah.

Pasrah kuwi lega-lila misungsungake uripe kanggo mujudake endahe kahanan. Pasrah kuwi precaya lair-batin marang kersane Gusti sing mesthi tansah becik. Pasrah kuwi manut sakersaning Gusti, ora malah gawe-gawe dhewe.

Awake dhewe dititahake urip pancen supaya dadi manggala. Pancen supaya dadi pangarsa sing kudu nggelak-nggiring lakune jagad marang kahanan sing ayem-tentrem tanpa memala. Pancen supaya dadi panuntun sing bisa mrenahake parane urip marang kautaman kalis saka kanisthan.

Aja nganti lali menawa aku lan Panjenengan iki mung titah sawantah. Aku lan Panjenengan iki mung kawulane Dat sing ngabangake lombok lan mbirokake langit. Aku lan Panjenengan kawulane Gusti kang Mahawisesa. Aku lan Panjenengan diparingi nugraha supaya misesa karahayoning jagad kanthi sangu muluring nalar lan melaring rasa. Ayo bareng mbudidaya amrih aku lan Panjenengan nggayuh urip kang utama.

Salam;
Juru Kunci