Lee anakku lanang
tak kekudang ing tembé bisaä dadi manungsa sing utama.. kautamané wong urip mono ora dumunung ing gebyaré bandha donya, drajad lan pangkat, nanging dumunung ing atimu. ati sing bisa mangerti marang konco, tonggo, lan sedulur.
Lee cah bagus.
naliko isih jabang bayi awakmu tak gendhöng. tangan, sikil lan awakmu dibungkus dadi siji ngganggo slendang sak lembar, karebèn anget awakmu.. naliko digedhong kowe ora bisa polah.. iku kabeh minongko pralambang, supoyo ing tembé tumuju diwasa, awakmu bisa dadi wong sing jejeg, anteng.. kowe keno polah, nanging polahmu kui kudu nggegulang marang kabecikan..
Lee cah manis..
naliko isih bayi, ngombemu banyu susune biyungmu, yo banyu katresnan murni.. sak mbiying mbiyinge kowe, sak paripolahmu sing gawe kuciwane wong tuwamu, kowe tetep anakku..
Lee cah pinter..
dadiyo koyo arjuno lan Raden diponegoro sing digdaya lan nresnani marang kawula lan bangsane..
Lee awakmu kui wong lanang jawa. daging lan balungmu, getihmu, ragamu, jiwamu; wong jowo. Kowe kudu bangga nyandhang dadi wong jowo, sebab, wong jowo kui wiwit isih ono ing guwo garbane biyungmu wis diparingi warisan sing jenengé piwulang kautaman.. piwulang kautaman kui piwulang sing luhur.
sepisan awakmu kudu eling marang Gusti, kaping pindho awakmu kudu eling marang jagat raya sak isine, kaping telu awakmu kudu ngerti marang sapodho podho; kancamu, tanggamu, sedulurmu, budhayamu, lan bangsamu. ojo gawe isin biyungmu yo lee!!
Matur Nembah Nuwun
JURU KUNCI