.

.

Ayo Budal Mergawe


Lah iki lagi musime wong pingin sugih wegah nyambut gawe, wong pingin sekti wegah tirakat sinau sak temene, Podo gelem trimo matenge ora gelem rekasane. Wis to percoyo ora ono jenenge wesi yen ora diasah lan dibakar sampek ajur ora bakal landep dadi gaman sing medeni.
Urip ning donyo iki, arep cepet opo keri, yo podo mangane lan podo ngisinge, kabih kamulyane urip podo arane sing mbedake yo usahne dewe-dewe.
Rejeki jodo pati anggep wae kwi garise gusti yen ora di jajal di lakoni di temeni ora bakal reti sepiro garise duwur endeke akeh sitike jembar sempite , garis yo garis ning bentuk egaris sopo sing reti, tugase menungso mangerteni ora mung ngenteni karo ngetut driji.

Ayo- tangi-tang… Ojo ngenteni udan mili ning kendi, ojo ngenteni bledek ngurupke geni, ojo ngenteni widodari medun ning bumi, urip semende karo gusti iku wani midak bumi ngelangi ning segoro geni gayuh rejeki lan ngelakoni urip sakmesti, ora mung njegogok mbenunuk klempruk koyo kumbaan klambi

Sikil tegese kangoo mlaku, tangan kanggo gayuh, moto kanggo delok. Kuping go rungoke, cangkem kanggo ngomong sak perlune..



Matur Nembah Nuwun
JURU KUNCI