Bakal Bali Menyang Gusti
Rogo mung lambarane nyowo, pecate nyowo saking rogo tegese manungsa sampun sedo…
Punopo lampah laku uripe manungsa mung sakderma, ingkang panyuwunan urip mulya nanging benten ingkang nindakaken lampah laku….
Titi wanci sampun kapundhut, manungsa saget punapa?
Sami mboten mangertos pundhi papan dununge neroko lan swarga, namung pikanthuk warta tiyang sanes ingkang namung pirsa punopo ngarang cerita…
Toto gelar kasunyatan ngajeng nendro bilih manungsa sedo mboten saget menyang piyambak wonten ing sarean, boten saget mbedah sabuk bumi lan ngrungkepi piyambak…
Sangkan paraning dumadi wujute rogo saking siti bakal kondur malih wonten ing siti, sampun titah ingkang kuasa tanpo manungso bisa mblenjani…
Punapa tasih kelingan? Nalika nyowo tasih pepak wonten ing raga saget kalampahan?
Lampah laku manungsa sampun sedo tumuju ing pesarean, wujut agunging urip bebrayatan, manungsa senajan seje ludiro ananging saget dados pesuduluran, tulung tinulung saget dados kasembadan..
Matur Nembah Nuwun
JURU KUNCI