.

.

ilang jawane...


Di anggep ndeso lan ora ndue doyo, uripe semebar sak nuswantoro nanging akeh di siyo karo tonggo deso, keleleran turut ndalan, ngiyupi ning ngisor jembatan, podo di pindahi ning tengah hutan, jare poro tetuo negoro dalih e golek penguripan sing anyar akeh kanikmatan.

wong jowo kwi dianggep bodho uripe yo mung ngono, geleman lan manutan karo menungso liyane, mulo kadang di anggep pekok, ndeso katrok soko pelosok, kasunyatane yo ngono kwi banjur kepiye awake dewe sing podo asale yo melu ngamini.

Karo tunggal sedulur podo tego lan tegel ora mbelo yen lagi keno perkoro, yen njaluk tulung kadang malah dipenthung hemh…tunggal dulur kudune rak tambah akur,

Opo podo lali yen dewe iki tunggal sebonggol, yen ora percoyo kono lungo ning kuto ketemu dulurjowo omongane podo seret koyo telo, yen kepepet karo konco yo podo tego, tunggal deso yen ning kuto kwi bedo.

Pancen yo akeh ugo wong jowo sing dadi ndue lan adi kuasane, nanging kadang podo lali sejatine awake, yo di maklume wong2 kae keturunan demang sing ndisek kere saiki munggah bale, tegel lan kolu mangan kancande dewe,didikane menir lan none belande.

Sing dadi presiden sopo? Sing dadi kapolri sopo? Sing dadi gubernur sopo? Sing dadi jendral sopo? Sinh dadi camat sopo? Ora kurang jumlahe sing wong jowo.

Sing dadi gembel sopo? Sing dadi babu sopo? Sing dadi kuli bangunan sopo? Sing dadi kacung sopo? Yo kwi womg jowo.

Ojo kerono mung siji loro sing muji awakmu wong jowo mulyo banjur lali sedulurmu ma ewu-ewu.. Yen ora percoyo kono podo dolano ben reti piye sedulurmu sing ning sumatra, kalimantan, papua, malaysia,singapura,taiwan,hongkong, saudi… Lan negoro liyo, Podo seneng awake nanging nelongso bantine, podo wareg wetengen nanging perih atine, bongso sing mulyo di anggep olo mung amergo bondho.
Opo to sebabe? Mergo Wong jowo wis kelangan panggone, wis kelangan budayane, wis kelangan sedulur tuone, wis kelangan jenenge, wis kelangan rego awake, wis kelangan coro uripe, wis ilang jawane, wis ilang sejatine awake, Sing siso mung nelangsa karo ceritane.

Opo Gusti Allah kwi salah nandur menungso? Wong kutub iso urip ning kutub sing adem, wong afrika iso urip ning panggone sing panas, wong jowo kudune yo uso urip ning jowo katon mulyo yen dewe iki narimo karo sing kuoso.

Sing salah kwi menungso urip sing podo serakah lan milik gone liyan, beras pingin dadi gedang wong waras malah kepingin edan, umpomo wong jowo kwi wit lompong gusti wis mesti nandure cerak banyu, ning mergo menungso ndue nafsu lomponge mlaku pindah nek tegalan rak golek rekasane uripe dewe lan nggeser uripe liyan.

Nanging yo ora bisa disalahke ngono wae, wong iki settingane wong gede2 kae, wong cilik mung manut aturane

wong jowo di pekso kerjo koyo kebo ben iso makmur koyo wong londo, di pekso urip ninggalke kabudayan ninggalake kaluhuran soko jaman londo sampek jepang.

Wong jowo kwi bakal mulyo maneh yen deweke reti jatidirine lan ngerti asale ugo ngopo diciptaake dadi mensungso jowo .

Ananging kwi bakal dadi goro-goro sebab ndonyo wis kedanan bondho budoyo mung dadi cerito, kaluhuran mung ono ning kisah wayang, kasopanan mung temeple ning papan,budi pekerti wis rapi ning njero peti, wong jowo wis wuto budoyo lan kelangan asale, mugo2 iseh ono sing gelem nggoleki lan nguri-nguri tinggalen tondo budoyo lan luhure pakarti mugo iso joyo sak mburine.


Matur Nembah Nuwun;
Juru Kunci