Cara Ngatasi Perkara
kabèh perkara kui mesti ana dalané. ya dalan tekané perkara, ya dalan lungané perkara.
yèn kepingin gawé tekané perkara ana ing uripmu kui gampang. waton awakmu tumindak ala, kuwi wus dadi perkara ing uripmu. nanging yèn kepingin ngudhari perkara kui angèlé ora jamak. perlu wektu sing longgar lan manah sing manis.
sejatiné gedhé ciliké perkara kuwi ya ora adoh saka kawicaksanan sing diduwèni atimu. jembarna atimu anggoné nata perkara sing mampir ana sajroning lakumu, ora mokal yèn kabèh bakal rampung kanthi ayem.
iki ora bakal ngilangi jiwa satriyamu, nanging malah saya katon jiwané kesatriyanmu.
iki sifaté manungsa jawa sing isih gelem ngugemi tata cara lan tata krama kejawènné. ngrampungi perkara ora kudu nganggo adu atosè balung, wuleté kulit utawa kandellé duwit.
Cukup nganggo budi pekerti lan kawicaksanan.. yèn pancèn salah yo ngakoni salah, aja rumangsa bener mundhak lawanmu muntap.. nanging yèn awakmu bener, anggoné nanjèhké perkara ora perlu nganggo emosi, cukup nganggo tata krama, nganggo kawicaksanan. kaya sing wus dituturaké para leluhuré tanah jawa kanggo kita kabèh.. kawicaksanan mau wus diwariské kanggo awaké dhéwé minangka wong jawa.
Matur Nembah Nuwun;
JURU KUNCI