.

.

Nglairake Ukara(cerita) Sadawane Umurmu

Luuuur ukara iki saka manah lan dudu slangkrah… mbiyen aku nate kanda awakmu bakal dak critani.
Carita sing saben dinane ditemoni ing kahanan urip, nanging luput saka pandelenge awake dewe. Sajroning urip manungsa iku akeh carita sing matumpuk-tumpuk. 
Saka jamane Adam lan Siti Hawa nganti tekan suk nek wis ubenge jagad mandeg lan pitik jago wis ra pada kluruk maneh. Njungkir njempalik sungsang malange kahanan urip manungsa wis ora kena diowahi maneh.

Gusti wis ora kuwawa! Gusti wis nguja manungsa obah sakarepe udele dewe! Urip wis ora saderma mampir ngombe maneh. Urip dadi dalan dawa. Dadi gilingan sing mubeng minger ora karu-karuan! Nanging Sliramu aja gigrik lan nggresula anggone nglakoni. Pancen kudu obah. Dilakoni nganggo kringet lan pikiran wening.
Dilakoni Kanthi Waras lan Trengginas,Ing sadawane dalan lan mubeng mingere gilingan iku bakal nglairake ukara.

Luur ukara iku dak ukir masasi-sasi ana sajroning ati lan kabukak ana satengahing wengi banjur ajur dadi bubur bubar wutah nang tengah latar.
Nanging, kanthi setya lan tresna dak ronce alon-alon dadi LELAKON.


Matur Nembah Nuwun
JURU KUNCI