.

.

Ojo Rumangsa Duweni

Akeh wong sing rumongso ndueni opo kang di temu semebar ning ndonyo,
ora pernah nggawe opo maneh nyipto, ojo dadi serik ning njero dodo opo sing rumongso kok nduei yen sewayah-wayah lungo utowo pindah tangan liyo

Sejatining bondho kwi silihane ndonyo ciptane sing kuoso kanggo sarono urip lan ngabekti marang sing kuoso, ora malah dadi memolone uripmu sebab ora iso turu mikir bandamu, memolone wong liyo sebab dadi serik e tonggo mergo polahmu, opo maneh sarono gawe doso sing marai durhoko karo Gusti sing nyipto bondo sebab angkuhmu.
Jaman saiki, kabeh nek ora ndue bondo dulur wae di anggep wong liyo opo maneh mung konco disawange lewat kocomoto koyo wuto, Gusti di anggep ora ndueni kuoso kabih rejeki rumongso amergo usahane dewe.
Bondo kwi koyo banyu lan geni ning nek di saqanh nganggo moto yo ora ono bedane kabeh nyenengake ngawe-awe pingin ndueni.

Bondo soko sumber sing apik bakale bakal bali kanggo tumindak sing becik lan bakal nyerahke ning dalane pengeran kang moho pawih katrisnan, ning yen bondo sing sumbere soko kiwo bakal gowo molo lan bakal bali ning dalan doso iso gowo sing ndue ning neroko lan ning donyo uripe adoh karo bahagio.
Makane dulur ojo sulap moto sulap kuoso lan sulab bondo, sejatining kabeh kwi kur pepasane urip lan bakal di tinggal wayah sedo.

Matur Nembah Nuwun
JURU KUNCI